Renungan Tafakur
Urip iku kudu biso milah lan milih supoyo tekan opo sing kok karepke, kabeh iku yo mung pilihan ora onok wong kang pinter kejobo uwong kang biso milah lan milih urip kudu piye lan kepiye.
ora bakal biso wong nentoke kpn susahe kpn senenge kpn matine, Manungso bisone mung Rencana nanging ora koyok kenyata'ane, sing nduweni kasunyataning yo Mung GUSTI KANG DUMADI.
Milo bisoho ngugemi ketauhidan ke'esa'an ke'kuasa'an sing wus nyoto di gelar nok ngalam ndunyo lan sak kabehe kudu di sinauni di uri uri gawe akal yo karo Ati di sekseni gawe bongso ROSO bongso ATI Roso Cipto lan di karsani yen sakabehe ora onok liane kejobo GUSTI KANG MURBENG DUMADI.
Milo ora bakal biso uwong nentoke mati urip seneng susah kabeh wus di tulis nok QALAM/PENA/ALLAH sing ora katon lan sing biso yo mung Jurangan Alam yo iku Gusti Pengeran, lan umate wus diweni QALAM nyoto yo iku kitab suci AL-QUR'AN surat ALLAH pedoman lan tuntutan saking Baginda Muhammad Saw, supoyo ora sesat amergo manungso wus di NAAS MINNAL JINNATI WANNAS, ora onok liane kejobo Jin dan manusia lan 4.Unsur Elemen yang meliputi segalanya.
Atur salam Rahayu sedulur kadhang kang Kinasih, Bilih saget mangerteni menopo Engkang kawulo Aturaken soho Ngapunten Engkang katah pramilo wonten serat kirang sopan utawi mboten saget njagkepi saking ndalem Setuhunipun panjenengan.
milo Kawulo aturaken nyeyuwun agungipun samudro panggat sami, Wabillahi taufiq wal hidayah wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuhð
Den_Bagus: https://bloggersepiritualisme.blogspot.com
Komentar
Posting Komentar
Alhamdulillah bisa bersilaturahmi