Ajining manungso urip soko Ayang-Ayange dewe

Ajining manungso urip soko ayang-ayang’e dewe yo iku atine kang manunggal dening gusti Allah kang tungggal, kewibawa'an seorang hidup adalah dari prilakunya sendiri, jika prilakunya sendiri adalah angkoro murko mongko ayang-ayang’e yoiku roso ati teleng ing gesang ingeh meniko bakal sengsoro wonten neroko, dan sebaliknya dikala prilaku dan hidupnya itu dalam kesempurna'an batin yoiku kesempurna'an hidup yaitu insan kaamil maka hatinya senantiasa dihiyasi dengan pesona yang indah.

Ajineng manungso urip iku soko ayang-ayang’e dewe, atine kang manunggal deneng Gusti Allah kang tunggal yo roso ilmune wong iku tat kalane mangucap lafal kalimat suci tauhid LAA ILAAHA ILLALLAH MUHAMMAD ROSULULLAH, ora biso manjing ing rosone, ora biso menep ing riyoh, Wealah nger.. anak putu Adam mugo siro dadi’o manungso sejati sejatining manungso, Manungso sejati ateges biso mbedak aken sifat iro tumrap rojo koyo, tumrap manungso lan hayawan.

yen dadi manungso sejati iku yo biso’o milah yo biso milih anaging ora biso meleh ake, biso’o ngakoni salah kendel rumongso salah, seng diarani wong sekti iku dulur, sing di arani wong sekti iku wong kang sabar Allah, yoiku wong kang sabar kalah ojo betiteten atimu, ojo ngamukan, seng di arani manungso sejati sejatining manungso yo iku ateges manunggaling roso.

roso sejatining roso, roso cipto, ciptoning roso, senadyan kang kuoso kawedar dening biyong kelawan bopo angger mbesok to binungkus badan iro, sejatine rupo iku piningit ono ing ati, sak lebeting ati yo iku njeroning ati melebet wonten sisihing ati nok njeroning ati yo iku teleng ing qolbi.

Lelakuning batin iku dumunung onok ing sukmo melebet wonten dening siroj dak ruh, eling, lelampahing sokmo meniko wonten ing sak lebeteng roso kang cecampuran dadi siji nyawiji dados Tajaling Yang, eling’o dulur wadat iku ibarat’e wayang kadang dipuji kadang di uji, yo kadang dikeplek-keplekno nok nduwur’e pangung.

damar’e yo iku rembulan lan sregege, nang kono ono kelir minongko alam kang gung awong-awong seng nyongo kang acipto, wonten mriku wonten debok yo iku bumi ateges kango ngedakno wayang, bumi disongo karo seng nangap, dalang’e yo iku kANG MURBENG DUMADI juragan alam, mlaku sak mlaku obah sak polah diobah no dalang’e yen wes paripurno lakone, wayang dilebokno kotak dalang’e, lelakone yo iku  pamriksani.

Dulur.. sejatining manungso iku ibarate mayet kang lumampah ing nduwuring bumi dipun lampah aken pengerane, milo dulur wayang iku embane wayang-wayagan, wayang iku embane ayang-ayang, mongko ajining manungso urip iku soko ayang-ayang’e dewe, atine kang manungggal dening Gusti Allah kang tungggal, ojo wedi koro sopo-sopo, nanging wedi’o karo seng gawe sopo-sopo.

Ajining manungso urip soko ayang-ayang’e dewe, atine kang manunggal dening gusti Allah kang tunggal, cecekelan liyane Allah ojo siro teros ale setuhuning amal panjenegan dadi manjing ing neroko, Kuncining pintu surgo kanti lafat kalimat syahadad LAA ILLAHA ILLALLAH MUHAMMADAR ROSULLAH.

Gusti Allah saya bersaksi tiada Tuhan yang lain kecuwali zat-MU, Ilmu yang sejati itu adanya empat perkara syariat,hakikat,tarikat,dan makrifat, berkasih selain Allah itu adalah kesesatan, sejatinya amal perbuatanmu jadi penghuni neraka, Tapanya rasa kita mencegah hawa nafsu kita, tapanya cahaya kita pegelihatan bathin kita, tapanya hidup kita berdzikir pada Allah, tapanya hati kita mengucap lafat HU ALLAH.

Sempurnanya manusia hidup dari prilakunya sendiri, berkasih kepada zat Allah kamu akan sempurna, sejatinya lentera hatimu jadi jalan syurganya ALLAH SWT..

Atur salam saking kawulo: Den-Bagus https://bloggersepiritualisme.blogspot.com





Komentar

Postingan populer dari blog ini

Renungan Tafakur

Mengapai Nur Muhammad